MAKALAH
Disusun
guna memenuhi tugas Mata Kuliah Bahasa Jawa
Dosen Pengampu: Bu Erna Istiqomah

Disusun Oleh:
1.
Hilda Ajeng Mayasofa A510120162
2.
Novi Kanastyowati A510120168
3.
Yosi Antyaningrum A510120177
4.
Dwi Pratiwi Wulandari A510120186
5.
Dedy Suryo Tri M A510120193
PENDIDIKAN
GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS
KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH SURAKARTA
2014
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH SURAKARTA
2014
BAB I
WIWITAN
A.
Praduga
Cerios Damarwulan sampun tepang wonten
pundi kemawon, paling utami ing kalangan masyarakat Jawi. Cerios babagan
Damarwulan saged dipun mangertos saking cerios tutur, seratan buku uga
pementasan ringgit, ketoprak, lodruk uga janger ing Jawi wetan. Ing perkembangan,
cerios Damarwulan ugi awujud sendratari lan sinetron.
Cerios Damarwulan kalebet sastra lisan
utawi cerios rakyat, inggih punika dados sastra ingkang gesang ing kalangan
masyarakat. Dituturaken saking lesan datheng lesan saben generasi . Jinisipun
cerios Damarwulan digolongaken dados legenda ingkang dihubungaken kaliyan
keraton Majapahit.
Wonten pasebaranipun, cerios Damarwulan
ngalami ewah-ewahan amargi wontenipun penyesuaian kaliyan kebudayaan ing papan
punika. kaliyan cara mekaten niki mila cerios Damarwulan saben daerah dados
karya budaya ingkang dipunkulani dados karya budaya masyarakat kesebat.
Njedulipun cerios Damarwulan udakawis
nggadhahi alasan ingkang mirip uga sesarengan kaliyan njedulipun cerios pribumi
sanesipun , kados Panji uga Calon Arang. Wiwitanipun tiyang Jawi ngantos
kaliyan kejayaan Majapahit kathah nikmati sastra kaliyan ragam seratan Jawi
kinen lan mendhet cerios ingkang asalipun saking India. Saksampune waleh
kaliyan materi cerios punika, mila tiyang Jawi ngawiti ngreasiaken kaliyan
cerios asli pribumi, mila muncul bentuk ingkang ngginakaken basa piyambak. Mila
saged dipunginemaken menawi masa panyeratan cerios-cerios pribumi dipunawiti
ing zaman kejayaan Majapahit uga ingkang paling menonjol inggih punika cerios
Panji. Njedulipun cerios Panji lajeng mbangkitaken para panyerat benten konjuk
ngasilaken karya sastra enggal lan lajeng njedulipun roman Damarwulan ingkang
diupamaaken dados pahlawan asli saking kebudayaan Jawi (Bachtum,1982:12).
Amargi cerios Damarwulan wonten kathah versinipun, mila kita mendhet
cerios Damarwulan versi Jawa timur. Damarwulan versi Jawa Timur ceriosipun
gampil dipunmangertos dening lare SD lan siswa ugi badhe langkung nepang cerios
ingkang kawiwitan keraton Majapahit kesebat. Cerios Damarwulan ugi wonten pesan
moral utawi amanatipun ingkang saged kita sedaya wucalaken dhateng anak SD.
B.
Rumusan Perkawis
1.
Kados pundi cerita Damarwulan lan Minakjingga?
2.
Nopo amanat ingkang wonten cerita
Damarwulan lan Minakjingga?
3.
Pripun anggene nggancaraken amanat
cerita Damarwulan lan Minakjingga kangge lare SD?
BAB II
ISI
A.
Carios Damarwulan lan Minakjingga
Minakjingga inggih
menika Adipati Blambangan ingkang nduweni kesaktian inggil. Sawijining dinten,
Minakjingga berencana badhe membrontak kerajaan Majapahit ingkang dipimpin kalian
raja putri kang cantik jelita asmanipun Ratu Ayu Kencana Wungu. Ratu ndamel
acara sayembara kangge menangkal ancaman soko Minak Jingga. Salah setunggale
peserta sayembara inggih menika Damarwulan.
Ratu ingkang asmanipun
Dewi Suhita ingkang gelar Ratu Ayu Kencana Wungu. Ratu Ayu Kencana Wungu inggih
meniko penguasa kerajaan Majapahit ke-6. Ing era pemerintahanipun, Majapahit
berhasil menaklukan katah daerah ingkang lajengipun didadosake dados bagian
soko wilayah kerajan kang berpusat wonten Trowulan, Jawa Timur. Salah
setunggale kerajaan alit ingkang dados taklukane Majapahit inggih meniko
kerajaan Blambangan ingkang wonten Banyuwangi. Kerajaan Blambangan kapimpin
kalian bangsawan saking Klungkung Bali, ingkang asmanipun Adipati Kebo Marcuet.
Adipati meniko terkenal sakti lan gadah tandung wonten sirahipun kados Kebo.
Kawontenanipun
Adipati Kebo Marcuet ndadosake ancaman kagem Ratu Ayu Kencana Wungu. Meski ming
raja taklukan nanging sepak terjangipun Adipati Kebo Marcuetingkang terus
menerus ngrongrong wilayah kekuasaan Majapahit ndamel Ratu Ayu Kencana Wungu
cemas. Ratu Majapahit nikupun berupaya menghentikan ulah Adipati Kebo Marcuet
kalian cara wontenaken Sayembara.
“Sinten mawon
ingkang mampu ngalahake Adipati Kebo Marcuet, maka tiang meniko ajeng kulo
angkat dados Adipato Balambangan kalian kulo angkat dados garwo”. Meniko
maklumat Ratu Ayu Kencana Wungu ingkang diwaosaken teng ngajengipun sedoyo
rakyat Majapahit.
Sayembara meniko di ikuti kalian puluhan
tiyang, nanging sedaya gagal mengalahkan kesaktian Adipati Kebo Marcuet.
Ngantos rawuh kawula muda tampan rupane lan gagah ingkang kaasma Jaka Umbaran
asalipun saking Pasuruan. Beliau inggih meniko cucu Ki Ajah Pamengger ingkang
merupakan guru kalian bapak angkatipun Adipati Kebo Marcuet. Rupados, Jaka
Umbaran ngertos kelemahanipun Adipati Kebo Marcuet, lajeng kalian senjata
pusakane gada wesi kuning (gada kang
kadem saking kuningan), lan dibantu kalian tukang manjat kelapa kang asmanipun
Dayun, Jaka Umbaran berhasil ngalahaken Adipati Kebo Marcuet.
Ratu Ayu Kencana
Wungu bahagialan sumringah amargi Adipati Kebo Marcuet saged dikalahake. Lajeng
ratu meniko menobatkan Jaka Umbaran dado Adipati Blambangan ingkang gelar
Minakjingga. Nanging, Ratu Ayu Kencana Wungu menolak menikah kalih Jaka Umbaran
amargi rupanipun Jaka Umbaran sampun mboten gagah akibat pertarungan kalian
Adipati Kebo Marcuet, wajahipun Jaka Umbaran sing saderenge rupawan dados
rusak, samparanipun pincang, lan badane dados bongkok.
Jaka Umbaran alias
Minak Jingga tetep bersikeras nagih janjinipun. Beliau rawuh wonten Majapahit
kagem minang Ratu Ayu Kencana Wungu meskipun Minakjingga sampun gadah kalih
selir ingkang ka asma Dewi Wahita kalian Dewi Puyengan. Lamaranipun Minak
Jingga bertepuk sebelah tangan amargi sang ratu tetep mboten sudi nikah kalian
Minak Jingga.
Penolakan meniko
ndadosaken Minakjingga murka lan memendem dendam kalian Ratu Ayu Kencana Wungu.
Kangge melampiaskan kemarahanipun Minka Jingga ngrebut beberapa wilayah
kekuasaan Majapahit ngantos Probolinggo. Mboten mung niku, Minak Jingga inggih
gadah niat nyerang Majapahit. Ratu Kencana Wungu khawatir pas mireng bahwa
Minak Jingga badhe nyerang kerajaan Majapahit. Lajeng, ratu nganakaken
sayembara malih.
”Sinten ingkang
berhasil membinaskan Minakjingga badhe kula dadosake suami”, ucap Ratu Kencana
Wungu wonten ngajeng sedaya rakyat Majapahit.
Puluhan para muda
ndeherek wonten sayembara meniko. Nanging mboten wonten ingkang berhasil
mengalahkan Minakjingga. Kadadean meniko ndamel ratu dados cemas. Wekdal
kekhawatiran sang ratu sampun saya ageng, rawuh seorang pemuda gagah kalian
tampan rupane ingkang asmanipun Damarwulan. Damarwulan injih meiko putro Patih
Udara, patih Majapahit ingkang lagi lunga bertapa. Ingkan wonten wektu semanten
Dmarwulan inggih meniko lagi nyambut damel dados perawat kuda kagunganipun
Patih Logender, seorang patih Majapahit kang ditunjuk kagem menggantikan
bapakepin Damarwulan.
Wonten ngajengipun
Ratu, Damarwulan ngutaraken pengareoan nderek sayembara kagem ngalahaken
Minakjingga.
“Ampun, gusti
ratu! Menwa diperkenankan, izinkanlah
hamba nderek sayembara”, payuwun Damarwulan.
“Tentu mawon,
Damarwulan. Bawa kepala minakjingga wonten ngarepan kulo”. Panyuwun Ratu.
“Injih, Gusti”,
jawab Damarwylan kalian pamitan.
Berangkatlah
Damarwulan wonten Blaambangan kagem menantang Minakjingga.
“Hai Minakjingga!
Menawa wantun, lawanlah kulo!” seru Damarwulan wonten Blambangan.
“Sinten, njenengan?”
tangletanipun Minakjingga. “wantun-wantunipun menantang kulo”.
“Ketahuilah, hai
pemberontak kawula Damarwulan ingkan diutus Ratu Ayu Kencana Wungu kagem
membinasakanmu” Jawab Damawulan.
“ Ha...Ha...Ha....!!
Minakjingga ngguyu kepingkel pingkel, “ sia sia koe rene, Damarwulan. Koe ora
mungkin bisa ngalahake kesaktian senjata pusakaku, gada wesi kuning!”
Pertarungan sengit
antara dua pendekar sakti niku terjadi. Kali kalihe saling menyerang bergantian.
Nanging, akhire Damarwulan kalah wonten pertandingan meniko, nganti semaput
kena pusaka gada wesi kuning nduwene Minakjingga. Damarwulan dilebetke wonten
penjara.
Rupados keloro selir
Minakjingga, Dewi Wahita lan Dewi Puyengan, kepikat kalian kebagusan
Damarwulan. Seliripun Minakjingga meneng-meneng ngobati luka Damarwulan. Bahkan
kalih selir inggih meniko mbuka rahasia kesaktian Minakjingga.
“Kekuatan
Minakjingga wonten ing gada wesi kuninge,
Minakjingga ora iso polah apa-apa tanpo pusaka meniko,” tutur Dewi Wahita.
“Leres, yen arep
ngalahke Minakjingga, koe kudu ngrampas pusakane,” tambah Dewi Puyengan.
“Lajeng kepripun aku
saged ngrebut senjata pusaka kui?” Tanglet Damarwulan.
“Kami ajeng mbantu
ngolehke pusaka kui,” janji kedua selir Minakjingga.
Wonten sawijining
ndalu Dewi Sahita lan Dewi Puyengan nyolong pusaka gada wesi kuning wektu
Minakjingga sare. Pusaka meniko lajeng diparingke marang Damarwulan. Sauwise
nduwe pusaka kui, Damarwulan balik nantang Minakjingga kagem tarung.
Minakjingga kaget wektu mrisani pusakane wonten tangan Damarwulan. “Hai,
Damarwulan! Kepripun koe saged oleh senjataku!” takon Minakjingga heran.
Damarwulan ora
njawab, Damarwulan langsung nyerang Minakjingga nganggo pusaka gada wesi kuning
sing ana nang tangane. Minakjingga ora bisa nglakone perlawanan. Akhire Adipati
Blambangan iku tewas kalian senjata pusakane dewe. Damarwulan memenggal kepala
Minakjingga nggo dipersembahaaken kangge Ratu Ayu Kencana Wungu. Wonten
perjalanan menyang Majapahit, Damarwulan dihadang kalian layang seta lan layang
Kumitir. Kakang adi kui yaiku putro Patih Logendher. Rupados mereka
meneng-meneng meluni Damarwulan menyang Blambangan. Wektu mrisani Damarwulan
berhasil ngalahake Minakjingga, mereka arep ngrebut sirahe Minakjingga ben
diakui dadi pemenang sayembara.
“Hai, Damarwulan!
Serahkan kepala Minakjingga nggo kita!” seru layang Seta.
Damarwulan nolek
pengarepan kui. Layang Seta lan Layang Kumithir ngroyok Damarwulan lan berhasil
ngrebut sirahe Minakjingga. Sirahe Minakjingga kui lajeng dibekto maring
Majapahit. Wektu layang Seto lan Layang Kumithir arep mpersembahke sirah kui
menyang sang Ratu ujug ujug Damarwulan teko lan langsung nyapeake kebenarane.
“Ampun, gusti!
Perkataan Damarwulan kui ngapusi. Kamilah sing memenggal kepala Minjakjingga,”
sanggah Layang Seta.
Pertengkaran antara
keloro pihak soyo panas. Mereka podopodo ngaki sing wis menggal sirahe
Minakjingga. Ratu Ayu Kencana Wungu dadi bingung. Ia ora bisa nentuke sopo sing
berhak. Maka, sing dadi solusi, penguasa Majapahit iku njaluk kedua belahpihak
nggo bertarung.
“ Wislah, kalian ora
usah padu maneh!” ujar Ayu Kencana Wungu, “Saiki aku pengin ngerti sing nyata.
Tarunglah kalian, sapa sing dadi pemenange mestilah kui sing wis mbinasake
Minakjingga.”
Akhire, merekapun
bertarung. Saiki Damarwulan lewih ngati-ati ngadepi Layang Seta lan Layang
Lumithir. Damarwulan kudu bisa mbuktekke marang sang ratu menawa Damarwulanlah
sing leres. Kados niku pula Layang Seta lan Layang Lumithir, mereka mboten pengin
kebohongane mereka kebongkar nangarepe sang ratu.
Pertarungan kui
dipresani langsung maring sang Ratu lan rakyat Majapahit. Pertarungan kui
berlangsung sangat seru. Keloro pihak ngetokne kabeh kekuatane dewe-dewe kanggo
menangke pertandingan kui. Pertarungan kui akhire dimenangke karo Damarwulan.
Layang Seta lan Layang Kumitir ngakoni kesalahane lan dilebokne nang penjara,
sedangkan Damarwulan berhak menikah karo Ratu Ayu Kencana Wungu.
B.
Amanat Carios Damarwulan lan Minakjingga
1.
Dados tiyang niku ampun remen
ingkar janji, amargi ingkar janji punika kalebet titikane tiyang munafik.
2.
Ampun nggadahi sifat jahat ingkang
remen ngrampas hak tiyang sanes amargi hak meniko mboten gadahipun kita.
3.
Nglakokake segala sesuatu kui kudu
jujur lan ngangge usahannipun piyambak.
4.
Mboten angsal nggadahi watak curang.
C.
Cara Ngudi Amanat Carios Damarwulan lan Minakjingga
Ngagem metode syair lagu, syairipun mendet saking amanat carios
Damarwulan lan Minakjingga.
(Nada: lagu Lir ilir)
Yo konco yo konco
Rungokna ibu guru
Dadi wong ojo remen
Nduweni watak kang ala
Contone
nglakoni
Tumindak
ingkar janji
Siji iku
kalebu
Titikane
wong munafik
Ayo konco do nglakoni
Tumindak ingkang terpuji
Yen kepengin urip mulya
BAB III
PANUTUP
Simpulan
Carios Damarwulan ingkang kita pendet saking versi Jawa
Timur meniko nyeritaaken kisah
Damarwulan kalian Minakjingga. Minakjingga nggadahi watak pendendam kalian
serakah, Ratu Ayu Kencana Wungu nggadahi watak seneng ingkar janji, lajeng
Damarwulan nggadahi watak bijaksana kalih kesatria.
Saking carios Damarwulan punika saged dipun pendet amanat ingkang
kathah. Tuladhanipun mboten pareng ingkar janji, curang, lan ngrampas hake
tiang sanes. Dados tiang meniko kedah nggadahi tumindak jujur supados tentrem
gesangipun. Cara ngudi amanat carios Damarwulan ngagem tembang Lir ilir ingkang
syaire dipundut saking carios punika. Maksudipun kita ngagem metode syair
inggih punika supados gampil dipun mangertosi dening lare SD.